Friday 23 April 2010

Pidato Perpisahan Kepala Sekolah dengan Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak/Ibu Guru SMAN 3 PONOROGO ingkang kulo hormati
Bapak/Ibu Wali murid ugi ingkang kulo hormati
Siswa-siswi kelas X,XI, lan XII ingkang kulo tresnani
Langkung rumiyin sumangga kito dherekaken raos puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat lan nikmat dhumateng kulo lan panjenengan, sahingga kulo lan panjengan saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat sarta salam mugi tetep kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, Amin.
Sepindah kulo badhe ngaturaken selamta dhumateng putra-putri kelas XII ingkang sampun lulus anglampahi ujian nasional kaliyan ujian sekolah punika. Kita kedah ngunjukaken syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT amargi kaliyan syafaatipun kita saged nglampahi punika sedoyo kanthi sukses lulus100%.
Wonten mriki kulo ugi namung saged paring doa restu mugi-mugi putra-putra sedoyo saged pinanggih kaliyan punapa ingkang dipun ngarsani. Ingkang badhe anglajengaken pendhidhikan wonten perguruan tinggi sumangga pados perguruan tinggi ingkang sae, menawi ingkang kersa langsung nyambut damel sumangga pados ingkang sae ugi. Amargi pagesangan kita wonten alam donya menika namung sepindhah, ugi mboten dangu. Sumangga tansah kita ginakaken pagesangan menika kanthi sal sae-saenipun. Sampun ngantos kita sia-siakaken. Punapa kemawon ingkang panjenengan sedaya kersani menika penting sanget, amrgi nemtokaken dados punapa panjenengan mbenjang. Mbok bilih anggadhahi maksud lan tujuan ingkang becik, Insya Allah Gusti ingkang Maha Kuaos badhe paring piwales ingkang sae ugi.
Dhumateng siswa-siswi kelas X lan XI, tantangan jaman ing sak ngajengipun menika mboten gampil, wonten ing jaman Globalisasi menika mbetahaken ketrampilan ingkang inggil. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya tetep semangat anggenipun sinau mugi-mugi panjenengan sedaya saged minggah kelas lan sak mangke saged sukses lulus saking SMAN 3 langkung sae kaliyan kakak kelas punika.
Wonten ing pungkasan, kula minangka sesulih saking Bapak/Ibu Guru nyuwun pangapunten mbok bilih wontenkalepatanipun sakdangunipun manggulawenthah putra-putra antawis wekdal 3 tahun menika. Mugi-mugi ilmu ingkang sampun kaliyan tampi saking Bapak/Ibu Guru menika saged mbekta manfaat, sahingga panjenengan sedaya dados tiyang ingkang migunani tumrap nusa, bangsa lan agama.
Mekaten ingkang saged kawulo matur, mbok bilih wonten kalepatanipun kula nyuwun pangapunten.
Billahi Taufik Walhidayah
Wassamu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment