Monday 26 April 2010

Pidato Wakil Kelas X dan XI dengan Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati
Para Bapak lan ibu ingkang dimulyakaken Gusti Allah
Kaliyan kanca-kanca ingkang kulo tresnani
Alhamdulillah alhamdulillahirobbil’alamin assholatuwassalamu’ala ashrofil ambiya’i walmur salin wa’ala aalihi washohbihi ajma’in. Walhamdulillahi robbil’alamin
Langkung rumiyin sumangga kito dherekaken raos puji syukur dhumateng gusti Allah ingkang sampun maringi rahmat sarta hidayah, sahingga kita saged makempal wonten acara menika tanpa alangan satunggal punapa. Shalawat sarta kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun mbeto kita saking jaman jahiliyah tumuju jaman islamiyah ignkang kita alami sak menika. Ugi tansah kita ajeng-ajengipun syafaatipun benjang yaumul kiyamah.Allahumma Amien.
Sepindah kulo badhe ngaturaken selamta dhumateng putra-putri kelas XII ingkang sampun lulus anglampahi ujian nasional kaliyan ujian sekolah punika. Kita kedah ngunjukaken syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT amargi kaliyan syafaatipun kita saged nglampahi punika sedoyo kanthi sukses lulus100%.
Wonten mriki kulo ugi namung saged paring doa restu mugi-mugi mbak saha mas saged pinanggih kaliyan punapa ingkang dipun ngarsani. Ingkang badhe anglajengaken pendhidhikan wonten perguruan tinggi sumangga pados perguruan tinggi ingkang sae, menawi ingkang kersa langsung nyambut damel sumangga pados ingkang sae ugi. Amargi pagesangan kita wonten alam donya menika namung sepindhah, ugi mboten dangu. Sumangga tansah kita ginakaken pagesangan menika kanthi sal sae-saenipun. Sampun ngantos kita sia-siakaken. Punapa kemawon ingkang panjenengan sedaya kersani menika penting sanget, amrgi nemtokaken dados punapa panjenengan mbenjang. Mbok bilih anggadhahi maksud lan tujuan ingkang becik, Insya Allah Gusti ingkang Maha Kuaos badhe paring piwales ingkang sae ugi.
Dhumateng kanca-kanca kula, tantangan jaman ing sak ngajengipun menika mboten gampil, wonten ing jaman Globalisasi menika mbetahaken ketrampilan ingkang inggil. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya tetep semangat anggenipun sinau mugi-mugi panjenengan sedaya saged minggah kelas lan sak mangke saged sukses lulus saking SMAN 3 langkung sae kaliyan kakak kelas punika.
Wonten ing pungkasan, kula minangka sesulih saking kelas X lan XI nyuwun pangapunten ingkang sak kathah-kathahipun. Mugi-mugi ilmu ingkang sampun kaliyan tampi saking Bapak/Ibu Guru menika saged mbekta manfaat, sahingga panjenengan sedaya dados tiyang ingkang migunani tumrap nusa, bangsa lan agama.
Mekaten ingkang saged kawulo matur, mbok bilih wonten kalepatanipun kula nyuwun pangapunten.
Billahi Taufik Walhidayah
Wassamu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment